ARTIKEL BAHASA JAWA


NILAI BUDI PAKERTI INGKANG PERLU DITANEMAKEN ING KELUARGA 
 
         Kangge ngembangaken nilai budi pakarti ing wayah sak menika ingkang dados perkara inggih menika nilai budi pakarti ingkang badhe dipun tanemaken wonten ing keluarga. Kita saget nanemaken nilai budi pakarti ing keluarga kanthi contonipun.
          Sepindah, nilai kerukunan. Kerukunan inggih menika salah satungalipun wujud budi pakarti. Tinyang ingkang nggadahi budi pakarti luhur tentukemawon luwih saget ngehargai kerukunan tinimbag keretakan. Menawi wonten keluarga saking wiwit sampun dipun tanemaken nilai kerukunan menika lan anak sampun dibiasaaken anggen ngrampungke perkara kalian musyawarah menika ing lingkungan masyarakat social saget ndadosaken kebiasaan bilih anggene ngrampungke perkara ngagemaken muyawarah.

          Kaping kalihipun, nilai ketakwaan lan keimanan. Ketakwaan lan keimanan inggih menika pengendali budi pakarti. Tiyang ingkang kagungan ketakwaan lan keimanan ingkang ateges bener lutawi kuat lan mendasar mesti kemawon saget dipun wujudtaken wonten ing tindakanipun tiyang kasebat. Kanthi menika ketakwaan lan keimanan menika saget dados kunci saben tiyang ingkang nggadahi budi pakarti luhur.
          Ketiga nilai toleransi. Ingkang dipun maksud toleransi wonten ing mriki inggih menika purun peduli kalian saben tiyang wonten ing keluarga. Nilai toleransi menika saget ditanemaken lewat proses saling paham lan peduli ing saben tiyang wonten keluarga. Menawi saget nerapaken mesti kemawon kebiasaan menika saget dipun terapaken anggenipun pada kekancan kalian tiyang sanesipun.
          Saklajengipun, nilai kebiasaan sehat. Ingkang dipun maksud ing mriki inggih menika kebiasaan ingkang dadosaken tiyang saget terarah lan dados tiyang ingkang becik. Penaneman kebiasaan sehat menika tentu kemawon saget maringi dasar ingkang kuat ing saben anak wonten lingkungan masyarakat.
          Saking ukara menika wau, budi pakarti saget dipun ukur kanthi ningali tingkah laku lan perubahan tingkah saben tiyang. Pendidikan budi pakarti mboten sami kalian pendidikan instan ingkang saget dimangertosi hasile kanthi cepet. Nilai budi pakarti ingkang ditanemaken sakmenika saget katingalan hasilipun sedasa tahun ingkang badhe dateng.
          Satunggaling hal ingkang dados kunci perkara pendidikan budi pakarti inggih menika kita kedah sepakat menawi SDM bangsa kita perlu diprenahaken. Menawi perlu kita kedah nanemaken wonten saben diri para pendidik lan tiyang sepuh. Menawi kunci utama kange ngatasi krisis ing bangsa menika kanthi menehaken perhatian gedhe wonten pendidikan budi pakarti.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

masukan kode shoutbox/buku tamu sobat di sini